MAKNA DARI TEMBANG TURI TURI PUTIH

"Tembang Turi Turi Putih"

Turi = tak aturi, tak tuturi ( tanasihati)
Putih =  simbule kain kafan kang warnane putih.
Ditandur = ditanam, dipendhem, dikubur
Ning kebon agung = di kebun agung; kuburan.

Turi-turi putih, ditandur neng kebon agung
Sun tuturi tak wenehi pitutur ; wong urip mana mbesuke bakale mati, dikubur ing kuburan.

Cumleret = secepat kilat, tumekane pati kuwi ora kena disemayani.
Tiba nyemplung = tiba ing luwangan utawa luwang landhak
Gumlundung = cumempulng ing lemah (saka lemah bali ing lemah)
Kembange apa = kembang kae angganda arum, lha amal pambudine mbiyen piye, yen becik ya ganda asamane arum.

Mbok kira = dikira.
Kembange apa = ganda asmane kang wus ana kubur kuwi gumathok amal pambudine mbiyene nalika isih urip, yen becik ya ketitik yan ala ya ketara.

Mula yen wong jawa ngarani "ziarah kubur" kae "NYEKAR" - karo nggawa kembang sing mengku werdi bisa a wong yen wus tinggal ndonya (kapundhut) kuwi ninggalake asma kang luhur kang becik bisa dadi pepengete sing isih padha urip ing ngalam ndonya.

layanan Informasi dan konsultasi
Whastapp: +62818530449

terima kasih sudah menunjungi blog kami

0 komentar:

Apa Yang di cari

Entri yang Diunggulkan

baner bintang sejati

Hubungi Kami

Nama

Email *

Pesan *

pengunjung